Bathari Pretiwi iku dewa kang nguwasani bumi sap kapisan.
Bumi sap kapisan kondhang sinebut Ekapratala. Eka ateges siji, pratala ateges
bumi. Bathari Pretiwi putrane putri Sang Hyang Nagaraja, kang dumunung ing
kayangan Jalatundha. Ibune asma Bathari Dewi.
Miturut andharan ing buku Bunga Rampai Wayang Purwa Beserta Penjelasannya, anggitane Bondhan Harghana SW lan Muh Pamungkas Prasetya Bayu Aji, weton Cendrawasih lan Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Bathari Pretiwi iku drajate padha kalawan para dewa, amarga dheweke nguwasani bumi sap kapisan.
Bumi sap kapindho, sinebut Dwipratala, dikuwasani dening Bathara Kusika. Bumi sap kaping telu kang sinebut Tribantala dadi papan dununge Bathara Ganggang. Bumi sap kaping papat utawa Caturpratala dikuwasani Bathara Sindula lan bumi sap kalima, sinebut Pancapratala, dikuwasani dening Bathara Darampalan.
Bumi sap kaping enem iku kayangane Bathara Manikem lan Saptapratala utawa bumi sap kaping pitu mujudake kayangan papan dununge Bathara Anantaboga. Bathari Pretiwi ndalem uripe tansah pengin nduweni kembang Wijayakusuma. Ananging kembang kang ora sabaene kembang iku duweke Resi Kesawasidi kang dumunung ing Padhepokan Argajati.
Sawijining dina Bathara Wisnu tumeka ing kayangan Eka Pratala sedya nglamar Bathari Pretiwi. Tumekane Sanghyang Wisnu lan sedyane njaluk dheweke supaye gelem dadi sisihane dimumpangatake dening Bathari Pretiwi kanggo nyembadani pepenginane duwe kembang Wijayakusuma.
Marang Sanghyang Wisnu, Bathari Pretiwi mratelakake saguh dadi sisihane yen Bathara Wisnu bisa nyedhiyakake kembang Wijayakusuma minangka mas kawin. Bathara Wisnu nyaguhi panjaluke Dewi Pretiwi iku. Bathara Wisnu banjur tumuju Padhepokan Argajati, nemoni Resi Kesawasidi lan njaluk kembang Wijayakusuma.
Nalika sapatemon kalawan Bathara Wisnu, putrane putri Resi Kesawasidi, Srisekar, ketaman panah asmara lan pengin dadi sisihane Hyang Wisnu. Resi Kesawasidi mratelakake gelem masrahake kembang Wijayakusuma yen Hyang Wisnu gelem dadi mantune. Wusana, Hyang Wisnu palakrama karo Srisekar.
Nalika Resi Kesawasidi arep masrahake kembang Wijayakusuma marang Bathara Wisnu, dheweke kaget amarga kembang kang ngandhut kasiyat bisa nguripake wong sing wis mati iku alum. Sawise dititipriksa, pranyata cangkoke kembang kang sinebut Wijayamula lan gagange wis ilang. Bathari Wisnu tetep gelem nampa kembang Wijayakusuma kang wus alum iku.
Sabanjure, Hyang Winu bali menyang kayangan Ekapratala arep masrahake kembang Wijayakusuma marang Bathari Pretiwi. Resi Kesawasidi lan Srisekar banjur nyusul Hyang Wisnu menyang kayangan Ekapratala. Bathari Pretiwi dhewe uga ngadhepi panglamar saka raja nagara Garbapitu, Prabu Wisnudewa.
Marang Prabu Wisnudewa, Bathari Pretiwi njaluk maskawin padha, kembang Wijayakusuma. Prabu Wisnudewa saguh ngupadi kembang Wijayakusuma amarga wus nduweni gagange kembang Wijayakusume kang wektu iku digawa macan ingon-ingone kang dijenengi Sardulamurti.
Lakune Hyang Wisnu tumuju kayangan Ekapratala pethuk kalawan bantheng kang bisa tata jalma. Bantheng kang ngaku duwe jeneng Handaka Wisnuhata iku pengin dadi abdine Hyang Wisnu. Sabanjure batheng iku ngiringi lakune Hyang Wisnu tumuju kayangan Ekapratala.
Bathara Wisnu kang kasil nggawa kembang Wijayakusuma banjur masrahake kembang iku marang Bathari Pretiwi. Ing kalodhangan iku, Prabu Wisnudewa uga masrahake macan Sardulamurti marang Bathari Pretiwi nanging ditulak amarga sing dijaluk iku kembang. Wusana Prabu Wisnudewa nesu lan nantang prang tandhing marang Hyang Wisnu.
Macan Sardulamurti mbiyantu Prabu Wisnudewa, dene bantheng Handaka Wisnuhata mbiyantu Hyang Wisnu. Macan lan bantheng kang padha sektine iku sampyuh, mati bareng lan wusana malih rupa dadi gagang lan cangkok kembang. Bathari Pretiwi njupuk gagang lan cangkok kembang iku lan banjur didadekake siji kalawan kembang Wijayakusuma kang dipasrahake dening Bathara Wisnu.
Wusana Bathara Wisnu lan Bathari Pretiwi sida palakrama. Kembang Wijayakusuma banjur dibalekake maneh marang Sanghyang Wisnu. Kalorone nurunake putra dhampit yaiku Sitija (sabanjure dadi raja jejuluk Prabu Bomanarakasura) lan Siti Sundari (*sabanjure dadi sisihane Abimanyu). Nalika Bathara Wisnu nitis marang Prabu Kresna, Bathari Pretiwi banjur dadi sisihane raja Dwarawati iku.

Bens
Wasis
Kecilamass Cibubur
Pasar Rebo
Jakarta-Timur
Tidak ada komentar:
Posting Komentar